RIWAYAT KYAI SANTRI

 #RIWAYAT KYAI SANTRI.


Ing deso Tlogorejo Kecamatan Tegowanu kabupaten Grobogan, ono pesareyan sing karan pesareyan Kyai Santri. Ono sing nyritakke yen kuwi pesareyane Joko Suro, lan ono ugo sing ngandakke yen kuwi pesareyane Ki Cogeh.

Mulo penulis nyoba nulis riwayat makam kuwi, kanti jeneng Kyai Santri dijupuk soko riwayate Sunan Kalijogo lan poro santrine, naliko golek kayu arep kanggo sirap ono ing alas Sugihmanik. Dene crito riwayate Kyai Santri kuwi koyo mengkene.


BALI MENYANG DEMAK.

Bareng anggone gawe kenteng sirap wis cukup, Sunan Kalijogo dawuh supoyo poro santri podo enggal tumandang mbongkoki. Kanjeng Sunan banjure dawuh supoyo enggal bali menyang Demak, amargo kuwatir yen ditunggu dening poro wali liyane.   

Amargo soko kesusune, bende sing digunakke kanggo tengoro kuwi keri ono pedukuhan Sugihmanik. Kanjeng Sunan ngendiko yen ora perlu dijupuk, mergo mbesuk bakal digunakke dening wargo kono. Yo bende kuwi sing saben Apitan ing deso Sugihmanik, digunakke kanggo kelengkapan upocoro. Sing ditabuh ono kono bende tiron, amargo bende sing asli wis pecah. 

Bacuting crito, naliko tekan sak kulone dukuh Sugihmanik, ndadak kali ing kono pinuju banjir. Amargo ora ono kreteke, mulo poro santri podo nyabrang karo nyeret bongkokan sirap sing abot.  


ONO SANTRI TINGGAL DONYA.  

Naliko Kanjeng Sunan tekan sabrang kali, ndadak pikantuk palaporan yen ono salah sijine santri sing tinggal donya. Ing kono Panjenengane pirso, poro Santri podo ngrembuk anggone arep makamke santri sing sedo kuwi. Ono salah sijine santri sing duwe panemu, supoyo santri mau dimakamke ono dukuh Sugihmanik. Mergo kudu nyabrang kali sing banjir, saenggo panemu mau ditolak. Mengkono ugo ono sing usul, supoyo dimakamke ono papan kono wae. Nanging amargo kuwatir yen makame ora ono sing ngrawat, mulo panemu mau ugo ora disarujuki. Pungkasane paro santri banjur podo sarujuk, supoyo santri mau dimakamke ono Demak wae. Kanti genti-genten poro santri mikul jenazahe kancane mau, kanti ditumpangke ono nduwur bongkokan sirap.

Amargo anggone tinggal donya ono tengahing laku, mulo kali kuwi mau banjur dijenengake KALITENGAH. Mengkono ugo amargo yo mertanggung yen arep dimakamke ono dukuh Sugihmanik, mulo papan kono banjur dijenengke TANGGUNG sing soko tembung mertanggung. 

Yo Kalitengah kuwi sing saiki dadi tapel wates, antarane deso Sugihmanik karo deso Tanggung.


MIKUL JENAZAHE KANCANE.

Bacuting crito, santri sing tinggal donya banjur ditumpangke ono nduwur bongkokan sirap, lan dipikul kanti genti-genten dening poro santri. Pancen sing oleh giliran ketumpangan jenasah, mesti gawane dadi tambah abot. Nganti ing sakwijining papan panggonan, poro santri podo mandek sak perlu leren. Kabeh podo udur yen gawane ditumpangi jenazah, amargo nggowo bongkokan sirap wae wis abot. Kabeh podo lungguh, lan rumongso bebel ora biso nemokke putusan. Mulo bareng dadi pedukuhan, banjur dijenengke dukuh BEBELAN.

Kanjeng Sunan banjur dawuh, supoyo lakune rombongan diterusake. Salah sijine Santri banjur numpangke jenazahe kancane kuwi, ono ing nduwur bongkokan sirap sing dipikul. Nanging durung adoh lakune, Santri kuwi mandek ora kuwat neruske laku. Amargo ora ono sing gelem nggenteni, Santri mau mung lungguh lan pasrah ora gelem neruske laku. Amargo soko kuwi bareng papan kono dadi pedukuhan, banjur dijenengake dukuh BUWEH.  


DIKUBUR ONO PINGGIR DALAN.

Pirso anggone udur poro santri, Kanjeng Sunan banjur dawuh supoyo jenazahe Santri kuwi dikubur ono kono. Panjenengane ugo dawuh, supoyo dikubur ono ing sak cedake dalan. Dene pamrihe, supoyo konangan wong lewat lan nganti mbesuk ono sing ngrumat kubur kasebut. Poro santri banjur nggotong jenazah kuwi, digowo mengidul nuju menyang pinggir dalan. Poro Santri banjur nduduk lemah, kanggo ngubur kancane sing tingga donya. Dipilih papan panggonan sing adem, ono ing sak sak cedake rowo ngisor wit Tanjung. Sakwise ngubur jenazahe Santri mau, kanti gegancangan banjur neruske laku menyang Demak. Dene papan kono kuwi sakwise dadi pedukuhan banjur karan dukuh TLOGOTANJUNG, utowo wargo kono podo nyebutke Gotanjung. 


DITEMOKKE WONG ANGON KEBO.

Ing sakwijing dino, ono wong angon kebo ing papan kono. Naliko wis wanci sore lan arep nggereg kebone, ndadak ono siji sing ora ono. Sakwise digoleki kiwo nengen, ketemu kebone lagi njerum ono sisih kubur anyar. Wong angon mau kaget, ndeleng kubur sing isih anyar mau. Deweke banjur biso mbetek, yen kuwi mesti kubure salah sijining santri, sing podo gawe sirap ono ing pedukuhan Sugihmanik. Deweke banjur duwe tekad, arep ngrawat kubur mau. Amargo yo ora ngerti sopo asmane, mulo banjur disebut MAKAM KYAI SANTRI. 

Bareng ngrawat kubur mau, panguripane wong angon kuwi dadi malik grempyang. Pametune pari ono sawahe dadi tikel, lan kebo duwekke ugo tansah nak kumanak dadi akeh.

Tonggo-tonggone podo gumun, lan banjur takon marang wong angon kebo mau. Bareng dikandani sebab musababe, tonggo-tonggo ugo banjur melu-melu ngrawat kubur Kyai Santri. Kabar kasebut getok tular nganti tekan liyo dukuh, sing banjur podo melu-melu koyo sing ditindakke dening wong angon kebo mau.

Nganti saiki isih akeh wargo sing podo ziarah, ono kubure Kyai Santri. Miturut katrangan soko juru kuncine, dino sing apik kanggo ziarah yen dino Jum'at wage. Mulo ing dino kuwi, wiwit esuk nganti sore wargo ndlilir anggone podo ziarah ono makame Kyai Santri. 


Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Mujahadah Sholawat Munjiyat 1000